Sugeng rawuh ing Situs Suara Pengharapan.

Situs Suara Pengharapan, pambudidayane para kadang nunggal pracaya amrih bisaa dadi sarana leladi kanggo para mitra kinasih, nenangi gemreguting ati amrih saya taberi nyinau lan maca Kitab Suci.

Kanggo ngranggeh gegayuhan iki, marang para mitra kasedhiyakake literatur utawa buku waosan, artikel tinulis, carita saka Alkitab, program radio lan musik utawa pepujian rohani. Layanan Situs iki, ora ngemungake layanan basa Inggris, Arab utawa Perancis sarta Basa Indonesia. Nanging Situs iki uga leladi kanthi basa Jawa dadi paladosan kang diyakini perlu banget.

Situs iki leladi kapisungsungake marang para mitra kang ngudi kayekten sejati, mbabar pasinaon, kanggo wong lanang, wadon, ora lelandhesan umur, ora mbedak-bedakake agama, bangsa lan budaya. Menawa panjenengan ngersakake pitakon utawa paring pandangon, utawa paring kritik panyaruwe, bakal kita tampa kanthi bungahing ati, kaparingna lumantar e-mail utawa kanthi pos.

Pengarep arep lan panyuwunan kita kabeh, muga-muga Situs iki bisa maedahi, bisa gawe lega nanggapi thukuling masalah lan pandangon. Satemah kita kabeh saya wanuh marang Gusti Allah.